kalo interview kerja pake bahasa Jawa

suatu hari si Anto (A) mau diinterview oleh HRD (H) untuk penempatan kerja di Jawa Tengah.
H: Pendidikanmu opo?
A: Hukum Pak.
H: wah ora bisa ditompo ning kene.
A: Alasanipun Pak?
H: Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
A: Tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
H: Tambah ora ketompo?
A: Lho kok ngaten pak?
H : Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....
H: Kowe nduwe omah opo ora?
A: Dereng....
H: Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
A: Lho kok ngaten?
H: Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
A: Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
H: Yo malah ora ketompo.
A: Lho kok ngaten?
H: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
H: Kowe nduwe motor opo ora?
A: Mboten.
H: Ora ketompo.
A: Lho kok mboten ketompo?
H: Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
A: Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
H: Wah malah ra ketompo....
A: Lho kok ngoten?
H: Tempat parkire wis ra cukup.
H: Kowe wis lulus sarjana tenan?
A: Sampun Pak....
H: Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare
murah.
A: Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
H: Malah ora ketompo..... .
A: Lho kados pundi to?
H: Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
H: Kowe seneng guyon opo ora?
A: Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
H: Ra ketompo.....
A: Waa... Kok ngoten?
H: Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
A: Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
H: Malah ora ketompo.
A: Lho kok......
H: Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
H: Kowe mau mrene numpak opo?
A: Nitih mobil.
H: Kowe ora ketompo.
A: Sebabipun?
H: Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
A: Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
H: Tambah ora ketompo.
A: Lho, lha kok?
H: Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
H: Anakmu akeh opo sithik?
A: Kathah, Pak.
H: Kowe ora ketompo.
A: Sebabipun?
H: Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
A: Lha wong namung anak adopsi, kok.
H: Tambah ora ketompo.
A: Lho, lha kok?
H: Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
H: Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
A: Dereng.
H: Kowe ora ketompo.
A: Sebabipun?
H: Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
A: Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
H: Tambah ora ketompo.
A: Lho, lha kok?
H: Kowe rak mung arep keminter, to?
H: Kowe kerep loro?
A: Mboten.
H: Kowe ora ketompo..
A: Sebabipun?
H: Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
A: Wah, sakjanipun nggih asring.
H: Tambah ora ketompo.
A: Lho, lha kok?
H: Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
H: Kowe biso main internet?
A: mBoten.
H: Kowe ora ketompo.
A: Sebabipun?
H: Perusahaan ora nompo sing buta internet.
A: Wah, sakjanipun nggih saged.
H: Tambah ora ketompo.
A: Lho, lha kok?
H: Mesti ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet to???
H: Kowe waras opo ora?
A: Lha, kulo nggih waras to Pak.
H: Ra ketompo.
A: Kenging nopo?
H: Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
A: Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
H: Malah ra ketompo.
A: Pripun to niki?
H: Mengko aku duwe saingan.
A: WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!! EEEDUUUUUAAAANANNNNN TEEENANANNNNNN !!!!

Response to "kalo interview kerja pake bahasa Jawa"